Khotbah I
الله أكبر {9} لا إله إلا الله، والله أكبر، الله أكبر ولله الحمد
ثم اعلموا عباد الله أن هذا
اليوم يوم عظيم وعيد جليل، يسمى يوم الجوائز، والجوائز جمع جائزة وهي العطاء، وهذا
لمن صام رمضان وقام لياليه إيمانا واحتسابا. عباد الله، إن يومكم هذا يوم عظيم
وموسم كريم، ((وإِنَّ لِكُلّ قَوْمٍ عِيدًا، وَهذَا عِيدُنَا)). العيد هو موسم
الفرح والسرور، وأفراح المؤمنين وسرورهم في الدنيا إذا فازوا بإكمال طاعة مولاهم
وحازوا ثواب أعمالهم بوثوقهم بوعده لهم عليها بفضله ومغفرته
و بعد {جماعة صلاة عيد الفطر رحمكم
الله}
Kagem ngawiti
khutbah, khatib ngajak dating pribadi kula tuwin poro jamaah, monggo
sareng-sareng sami ningkataken raos takwa dumateng Allah, kanti nglampahi
sedoyo perintah ipun lan nebihi sedoyo awisan ipun. Menawi kulo panjenengan
sami saged mujud aken wonten kehidupan sehari-hari kanti raos ikhlas,
fainsyaAllah kulo panjengengan tansah wonten perlindungan ipun Allah.
Jamaah
rahimakumullah,
Sak sampun ipun
kito nglampahi siyam lan ibadah wonten wulan Romadhan, sak meniko sampun nuju
pungkasan, sampun lebar, lan mlebet dating dinten Iedul Fithri, mugi-mugi kita
kaparingan lebur dosanipun, kados ingkang sampun dipun ngendikaaken Kanjeng
Nabi saking riwayat ipun Abu Hurairah من صام رمضان إيمانا واحتسابا...
Makna nipun
hadits meniko minurut poro ulama, antawis ipun makaten. Bilih kito saget
ngelampahi siyam kanti iman, kanti itiqad kelawan kefardhuanipun, siyam naming
nuju ridhanipun Allah, tumuli ihtisaban inggih ngajeng-ngajeng ganjaran ingkang
sampun kasadiaaken dening Allah.
Pramilo meniko,
menawi kito sampun berusaha nglampahi siyam lan ibadah-ibadah lintunipun wonten
wulan romadhan kapengker, mongko kito saget ngarep-ngarep ganjaran lan ampunan
saking Allah.
Jamaah shalat
iedul fithri rahimakumullah,
Dinten idul fitri
menika ugi sampun umum kawastanan “Hari Kemenangan”. Sak lajengipun, monggo
dipun penggalih, pripun kulo panjenengan maknai hari kemenangan. Saking
keterangan poro ahli bahasa, paling mboten wonten tigang penjelasan.
Sepindah, saking lafal idul
fithri, ingkang dipun maknai wasul dating fitrah, saking asal kejadian, kesucian,
utawi agami ingkang leres. Pramilo kanti ngraya aken idul fitri saget dipun
anggep dados margi kanggge wasul dumateng ajaran agami ingkang leres, mongko
saget angsal kemenangan.
Menawi idul fitri dimaknai kanti
makna pertama menika, lajeng kinten-kinten pinten katahe ingkang angsal idul
fitri? Pinten ingkang saestu wangsul dating ajaran ingkang leres? Menawi
wonten, mbok bilih golongan meniko justru malah sami nangis wonten idul fitri
menika.
Makna kaping kalih, saking lafal
redaksi doa ingkang masyhur, ‘minal ‘aidin wal faizin’/ja’alanallah minal aidin
wal faizin, ingkang artosipun mugi kito termasuk golongan tiyang ingkang wasul
lan merkoleh kemenangan. yang berarti ‘semoga kita termasuk orang-orang yang
kembali memperoleh kemenangan’. Miturut para ahli bahasa, lafal faizin saking
lafal fawz kados ingkan kasebat wonten redaksi Alquran, ingkang dimaknai ‘keburuntungan’
utawi ‘kemenangan’.
Makna kaping kalih menika saget
dipenggalih kados ingkang awal, sinten ingkang saestu menang, menang saking nopo?
Makna kaping tigo, idul fitri
kawastanan hari kemenangan amergi dinten menika sedoyo kaum muslim nembe
nuntasaken kewajiban ipun ingkang auwrat, inggih nahan hawa nafsu kanti
nglampahi ibadah ramadhan. Pramila sinten ingkang saget nuntasaken ibadah ramadhan
sewulan menika, mongko saget medal dados pemenang saking ujian sabar ipun.
Makna ingkang nomer tigo meniko
menawi dipun penggalih inggih saget kirang pas. Kados dipun ngendikaaken bilih
wonten wulan ramadhan, setan-setan dibelenggu, neraka dipun tutup, suwarga
dipun bikak, ganjaran dipun lipatgandaaken, ugi suasana ingkang sanget
mendukung kangge ibadah ingkang benten kaliyan wulan lintunipun. Lajeng menawi
dipun penggalih kanti nalar logis, nglampahi siyam wonten ramadhan mboten saget
kawastanan langkung abot timbang wonten wulan sanesipun.
Menawi dipenggalih malih, hari
kemenangan menika malah langkung pas dipun rayaaken wonten awal ramadhan,
amergi kita saget kepanggih kaliyan wulan ingkang kebak rahmah, barokah, lan
maghfirah, saget nemuni wekdal setan dibelenggu, lan ganjaran
ditikel-tikelaken, ugi keadaan lan suasana ingkang ngremenaken kangge
ngelampahi ibadah.
Pramilo mboten heran, bilih
kanjeng Nabi lan poro sahabat tikel-tikel raos syukur lan bahagianipun nalika
nyambut Ramadhan, malah wiwit wulan rojab, kanti doa: “Allahumma baarik lana fi
rajaba wa sya’bana wa ballighna ramadhana”.
Menawi makaten, mangka 1 syawal
malah sewalik ipun, dinten kesedihan lan kekalahan. Dinten menika setan sampun
dipun lepas saking belenggu, sampun mboten wonten malih diskon lan obral
ganjaran, barokah, rahmat, lan mghfirah. Ibadah sak lajeng ipun bade kraos abot
malih. Lajeng menopo kita justru bungah kaliyan keadaan menika, nopo mboten
klintu, ingkang justru seneng inggih setan ingkang dipun lepas belenggunipun
saking kunjoro ramadhan. Ampun ngantos raos seneng lan bingah kito kados
makaten, nurut dumateng setan, naudzu billah.
Saget dipun pirsani, sak mangke
bibar romadhan, jamaah shalat wonten masjid langkung sepi, pinten shaf ipun
jamaah, malah mungkin wonten masjid punopo mushala ingkang kosong adzan lan
jamaah ipun amargi sibuk riyadin, sibuk silaturahmi, lan leno. Sak lajeng ipun,
nglampahi siyam, shalat wengi, infaq, lan shadaqah bade wangsul malih dados
berat, lan suasana nipun kirang mendukung kados dene wonten wulan romadhan.
Menawi mekaten, sinten ingkang langkung sorak-sorak menang, kito umat muslim
punopo setan? Pramilo ampun heran, menawi Rasulullah ugi poro sahabat sami
nangis wonten hari-hari akhir ramadhan, mboten amargi nangis bingah utawi haru,
nanging ngraos sedih mergi ramadhan bade kliwat, lan mboten saget mestiaken
saget panggih ramadhan melih wonten tahun salajeng ipun.
Jamaah iedul fitri rahimakumullah
Sak lajeng ipun, pripun
anggenipun kita maknani iedul fitri ingkang langkung prayogi.
وقد قال بعض الصالحين: "ليس
العيد لمن لبس الجديد وإنما العيد لمن طاعاته تزيد" . وقال بعضهم: "ليس
العيد لمن تجمَّل باللباس والركوب إنما العيد لمن غفرت له الذنوب".
Saking pengendikanipun
tiyang-tiyang saleh, “ied/hari raya sanes kangge tiyang ingkang ngangge rasukan
inggal, nanging kangge tiyang ingkang tambah ketaatan ipun.” Pengendikan
sanesipun, ied/hari raya sanes kangge tiyang ingkang sandangan lan kendaraan
ipun inggal, nanging kangge tiyang ingkang dipun ngapunten dosa lan
kesalahanipun.” Pendapat salihin menika mboten dimaknai nyacat utawi nglarang
kito anggadahi sandangan, kendaraan, rumah, lan lintu-lintunipun inking inggal,
nanging pepiling ampun ngantos kito kejerumus wonten dosa lan kesalahan inggal
sak sampunipun kito lebaran saking ibadah ramadhan.
Sak bakdaninpun kita saget
memaknai lan ngusahaaken angsal idul fitri, lajeng ingkang langkung awrat
inggih punika anggen ipun kito njagi lan ngelanggengaken ied ingkang hakiki.
Salah setunggale ulama ngendikaaken: “ied ingkang hakiki inggih punika, dinten
tiyang sugih nyekapi tiyang fakir, dinten tiyang njagi piyambak e saking
keharaman, dinten umat saling damai, tepo seliro, saling mencintai, dinten
manungso njogo saking perkawis ingkang dipun ridhani Allah lan nebihi
bendhunipun, lan sak terusipun.
Pramilo monggo kito ngerayaaken
Iedul Fitri kanti sak madyo, sak cekapipun, mboten linuwihan. Kito bingah lan
ngerayaaken idul fitri mergi kito insyaallah kaparingan hadiah ingkang ageng
sanget saking Allah, lan kewajiban kita nampi kanti sae, kanti raos bingah lan
syukur. Nanging kito ugi tansah tetep emut, bilih ramadhan menika justru wulan
latihan, latihan taat lan ibadah dumateng Allah, kangge ngelampahi ketaatan lan
ibadah wonten wulan-wulan ingkang sak lajeng ipun, wulan lan dinteng ingkang
saestu, sanes latihan melih, mboten wonten iming-iming ganjaran ingkang tikel,
ugi mboten wonten bantuan dibelenggunipun setan.
و بعد
و سارعوا إلى مغفرة من ربكم و جنة
عرضها السماوات و الأرض أعدت للمتقين، الذين ينفقون فى السراء و الضراء و الكاظمين
الغيظ و العافين عن الناس و الله يحب المحسنين.
بارك الله لي و لكم فى القرآن الكريم
و نفعني و إياكم بما فيه من الآيات و الذكر الحكيم وتقبل مني و منكم تلاوته إنه هو
الغفور الرحيم فأستغفر اللهَ لي و لكم أجمعين.
Khotbah II
الله أكبر {7} لا إله إلا الله، والله أكبر، الله أكبر ولله الحمد
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ
اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ
اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى
اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ
وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًااَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا
النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى
قال تعالى: "يا أيها الذين
آمنوا اصبروا وصابروا و رابطوا و اتقوا الله لعلكم تفلحون".
و أذكركم و أدعو إليكم فى هذا اليوم
العيد المبارك بصلة الأرحام، التي أمر الله تعالى بها و حثّ عليها الرسول حثّا حيث
قال: لا يدخل الجنة قاطع، أي لا يدخلها مع الأوّلين، و القاطع هو الذي لا يصل رحمه
وَاعْلَمُوْا اَنَّ
اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ
بِقُدْسِهِ حيث قَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ
النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا
تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ
مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ
اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان
وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي
التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ
بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَاَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ
وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ
الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ
مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ
اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ
عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ
وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا
خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ
اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ
حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا
اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا
بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ
وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ
اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ و استغفروه
يغفر لكك و اتقوه يجعل لكم من أمركم مخرجا، "و كل عام و أنتم بخير"
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !